1) Basa kang endah lan nresep ing ati yaiku? a) Basa kalbu b) Basa Rinengga c) Basa cinta d) Basa Jawa 2) Titikane paribasan yaiku? a) nggunakake purwakanthi b) nggunakake teges entar c) ana jejere d) ora nggunakake pepindhan 3) unen-unen kang ajeg panganggone, nduweni teges wantah, lan ora ngemu pepindhan kasebut? a) Bebasa b) Saloka c) Rinengga d) Paribasan 4) ukara kang kalebu paribasan ! a) eman-eman ora keduman b) kacang ora ninggal lanjaran c) ngaturake kidang lumayu d) milih-milih tebu oleh boleng 5) Bebasan yaiku? a) unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar b) unen-unen kang ajeg panganggone mawa pepindhan c) unen-unen kang ajeg panganggone ora mawa teges entar d) unen-unen kang ajeg panganggone ora mawa pepindhan 6) Titikane bebasan! a) diwiwiti jejer b) ora nggunakake entar c) diwiwiti tembung kriya d) ora nggunakake pepindhan 7) ukara kang kalebu bebasan! a) Lanang kemangi b) Ngalem legining gula c) car-cor kaya kurang jaganan d) Asu marani gepuk 8) unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar lan pepindhan (sing dipindhakake wong) yaiku? a) Paribasan b) Bebasan c) Parikan d) Saloka 9) Titikane bebasan!! a) Sing dipindhakake wong b) diwiwiti tembung kriya c) ora nggunakake teges entar & pepindhan d) Ana jejere 10) ukara kang kalebu saloka!! a) Golek banyu bening b) Gagak nganggo lare merak c) Adigang, adigung, adiguna d) Jaran kerubuhan empyak 11) apa teges paribasan "Busuk ketekuk, pinter keblinger"? a) ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik b) akeh omonge kurang udane c) sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka d) prakara kang sarwa pakewuh 12) apa tegese paribasan "maju tatu mundur ajur"? a) wong kang tansah nandhang sengsara b) prakara kang sarwa pakewuh c) ora gelem cawe-cawe babar pisan d) pasulayan merga barang kang sepele 13)  apa tegese bebasan "ngalem legining gula"? a) dipasrahi barang kang dadi kesenengane b) ora ana akibat tanpa sebab c) mentahi rembug kang wis mateng d) ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter/sugih 14) tegese bebasan "mbuang tilas"? a) ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala sing lagi dilakoni b) wong duwe niyat ala oleh dalan c) kekarepan kang mokal bakal kelakon d) tansah diparingi slamet ara ana kang ngrusuhi 15) tegese saloka "yuyu rumpung mbarong ronge"? a) ngati-ati mumpung durung cilaka b) omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat c) wong kang bedhigasan/serakah d) ora bisa mungkr, jalaran wis kabukten 16) tegese saloka "Gajah alingan suket teki"? a) akeh omonge ora ana nyatane b) meguru nggolek kawruh sing becik c) Lair dan batine ora padha, mesthi bakal ketara d) gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih 17) ukara "kuthuk ngendhog kemiri" kalebu jinis rinengga? a) saloka b) bebasan c) parikan d) paribasan 18) ukara "entek ngamek kurang golek" kalebu jinis basa rinengga? a) paribasan b) saloka c) bebasan d) camboran 19) ukara "nyolong pethek" kalebu jinis rinengga? a) camboran b) bebasan c) saloka d) parikan 20) apa tegese "rebut balung tanpa isi" ? a) pasulayan merga barang kag sepele b) njarag wong kang wis lilih nepsune c) wong sing sarwa kecukupan d) oleh cilaka sing ora dinyana-nyana

Leaderboard

Visual style

Options

Switch template

Continue editing: ?