1) Saka wacana ing ngisor iki, imbanging laras ing gamelan nuduhake .... Gamelan Minangka Pendidikan Karakter Bangsa Gamelan minangka saperangan instrumen/piranti kang kamot ing seni karawitan. Karawitan kawitan saka tembung rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para pujangga kang ngrakit gamelan ora mung sakpenake anggone gawe nanging duwe karep kang luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirasakake mula kanthi nggatekake laras . Imbanging laras ing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras, runtut, lan ora nuwuhake botsih. Bisa njaga cipta, rasa, karsa, lan tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka tetabuhan gamelan. Tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging anggone nabuh ora sekepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana gendhing, sarta nulad lan nggatekake piranti liyane. Iku nuduhake lamun gamelan nalika ditabuh ora suk-esukan, dhisik-dhisikan, lan pengin menang dhewe. Kanthi mangkono, nulad saka tetabuhan gamelan bisa minangka dhasar mujudake krakter bangsa kang becik. a) bisa kepenak disawang lan ngerti wujude gamelan b) bisa ngatur imbanging rasa lan tumindak kang laras, runtut lan ora nuwuhake botsih c) bisa gawe seneng marang sing padha ngrungokake d) bisa gawe gela marang sapa wae kang nindakake ala e) bisa minangka wujud pakurmatan lan kasetyan marang nagari 2) Satitekna wacan ing ngisor iki! Gamelan kanggo tamba ati Jaman iki sansaya maju. Pamikirane warga bebrayan ya tambah maju. Semono uga ngenani ngrembakne musik kang dadi kekarepane bebrayan, uga tambah akeh pilihane lan keblate menyang nagari-nagari maju. Dene musik-musik lokal lan tradhisional malah dikiwakake, mligine dening generasi mudha saiki. Ngendikane Bambang Suhendro, guru SMKN 8 Solo apa kangkelakon iku sajane salah kaprah. Sebab Musik tradhisional saiki malah dadi golekane bangsa maju, contone gamelan. “Jroning gamelan, cara tabuhe nggunakake rasa lan ngamot rasa kang jero lan tandhes piwulang luhur. Gamelan bisa dadi tamba ati. Ing nagari modheren malah kanggo piranti terapi,” pratelane Bambang, nalika ditemoni sawetara wektu kapungkur. Jroning gamelan, cara tabuhe nggunakake rasa lan ngamot rasa kang jero lan tandhes sarta piwulang luhur. Tuladhane .... a) nabuh seru-serunan b) ora gelem diatur c) rukun lan kompak d) sakarepe dhewe e) nabuh kendhang dithuthuk 3) Ana pratelan yen nabuh gamelan iku minangka wewujudan manungsa kang nyenyuwun marang gusti kang maha kawasa, buktine kanthi .... a) tetabuhan ora kena esuk-esukan b) nabuhe arang-arang c) tetabuhane manut irama d) tetabuhan manut karo kang mengaku irama e) lungguh sila kaya wong tapa 4) Dhandanggula ngemu surasa pitutur kang becik, mula tembang dhandhanggula pantes kanggo aweh pitutur bab kabecikan. Dhandhanggula saka tembung dhandhang kang nduweni arti …. a) manuk puter b) manuk gagak c) manuk prenjak d) manuk jalak e) manuk kenari 5) Tembang macapat kang nduweni watak luwes, seneng lan gembira, kuwi kalebu watake tembang macapat …. a) Pucung b) Gambuh c) Kinanthi d) Dhandhanggula e) Pangkur 6) Kang mbedakake tembang macapat siji lan sijine yaiku anane pathokan guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Pathokane tembang dhandhanggula yaiku .... a) gatra: 6, wilangan: 8, 8, 8, 8, 8, 8, lagu: u,i,a,i,a,i b) gatra: 9, wilangan: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12, lagu: a, i, a, i, i, u, a, i, a c) gatra: 10, wilangan: 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7, lagu: i, a, e, u, i, a, u, a, i, a d) gatra: 7, wilangan: 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, lagu: a, i, u, a, u, a, i e) gatra: 5, wilangan: 7, 10, 12, 8, 8 lagu: u, u, i, u, o 7) Serat Tripama iku mung ana sepupuh yaiku dhandhanggula, pupuh dhandhanggula kang ana ing serat Tripama iku ana pirang pada? a) 4 pada b) 8 pada c) 7 pada d) 9 pada e) 6 pada 8) Tokoh kang dadi sawijining punjer crita Mahabarata ing perang Barathayudha kang lewih mbeani nagara Ngastina tinimbang para Pandhawa kang sejatine sedulur enome yaiku tokoh …. a) Arjuna Sasarabu b) Adipati Karna c) Patih suwanda d) Sumantri e) Kumbakarna 9) Tokoh kang gugur mbelani negarane saka pangamuke wadyabala Prabu Ramawijaya yaiku …. a) Arjuna Sasarabu b) Adipati Karna c) Patih suwanda d) Kumbakarna e) Sumantri 10) Gatekna tembang ing serat tripama ngisor iki! Minungsuhken kadange pribadi, Aprang tandhing lan sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, Dene sira pikantuk, Marga dennya arsa males-sih, Ira sang Duryudana, Marmanta kalangkung, Dennya ngetog kasudiran, Aprang rame Karna mati jinemparing, Sumbaga wirotama Ing tembang nduwur kang nerangke Karna kang wales asih yaiku... a) Marga dennya arsa males-sih, b) Dene sira pikantuk, c) Ira sang Duryudana, d) Marmanta kalangkung, e) Dennya ngetog kasudiran 11) Gatekna tembang ing serat tripama ngisor iki! Kumbakarna kinen mangsah jurit, Mring kang rak sira tan lenggana, Nglungguhi kasatriyane, Ing tekad datan purun, Amung cipta labih nagari, Lan nolih yayahrena, Myang luluhuripun, Wus mukti aneng Ngalengka, Mangke arsa rinusak ing bala kali, Punagi mati ngrana. Ing tembang nduwur kang nerangke Kumbakarna baguse bela negarane yaiku . . . . a) nglungguhi kasatriyane, b) ing tekad datan purun, c) lan nolih yayahrena d) myang luluhuripun e) amung cipta labih nagari, 12) Wacanen paragraf ngisor iki! Gugon tuhon menika salah setunggaling kabudayan Jawa ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika mboten namung awujud ujaran utawa panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putrane. Tumrape wong Jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang ngadhahi pamanggih ingkang benten babagan gugon tuhon amargi gugon tuhon wujude warna-warni. Isi pokok paragraf kapisan wacan kasebut yaiku .... a) pitutur ing gugon tuhon saged awujud napa kemawon. b) gugon tuhon menika wujude werna-werna. c) gugon tuhon salah sawijining kabudayan Jawa kang awujud pitutur luhur. d) gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur tiyang sepuh. e) sedaya pitutur gugon tuhon awujud ujaran utawa panyaruwe lisan. 13) Wewaler yaiku samubarang kag ora kena diterak, sesambungan karo kahananing sakiwa tengen kayata etika sesrawungan karo lingkungan, sesrawungan karo Gusti Alloh sing nyipta. Salah siji tuladhane yaiku ora entuk nglungguhi kijing ategese yaiku …. a) Kuwalat b) Urmat c) Diprimpeni d) Pekewuh e) Ngisin-isini 14) Gatekake ukara ukara ing ngisor iki! 1) aja lungguh nang ngarep lawang, mbokan dadi prawan tuwa 2) sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada 3) anane wewaler lelungan dina setu paing 4) aja seneng lungguhi bantal, mundak wudunen 5) aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu gugon tuhon yaiku nomer …. a) 1 lan 2 b) 2 lan 3 c) 3 lan 4 d) 1 lan 4 e) 4 lan 5 15) Aja ngidohi sumur, mundhak suwing lambene. Filosofi/makna wewaler ana teks kasebut yaiku ... a) tegese idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, b) menawa ngidohi sumur mengko lambene suwing c) ora kena ngidohi sumur sing digunakna kanggo adus d) menawa ora gelem lambene suwing berarti aja ngidohi sumur e) sumur ora kena diidohi mergane bisa gawe lambe suwing 16) Ana ing ngisor iki kang ora kalebu saka tuladhane wewaler yaiku …. a) Aja nganggo katok abang ing wayah purnama b) Aja nganggo sepatu selen mundak kebancang c) Ora ilok mangan neng ngisor jobin mundhak kaya ula d) Yen madhang ora usah karo ngombe, mundhak kekarepane ora kagayuh e) Aja nyicip panganan nalika isih dimasak amarga bias gawe ora enak masakane 17) Aja ngendelake anake wong wirya lan sugih bandha,, durung mesthi darbe kepinteran sarana ngupaya boga. Pratelan kasebut ateges …. a) Pangkat lan bandha kudu diudi ing donya b) Pangkat lan bandha bakal digawa mati c) Pangkat lan bandha ndadekake kawibawan d) Pangkat lan bandha bisa ilang sawayah-wayah e) Pangkat lan bandha ora dadi pepesthen bias urip 18) Aja mung ngegungake duwe pangkat lan duwe bandha, jalaran pangkat lan bandha iku mau bisa sirna sadurunge sira pralaya. Pratelan kasebut ateges …. a) Pangkat lan bandha kudu diudi ing donya b) Pangkat lan bandha ndadekake kawibawan c) Pangkat lan bandha bakal digawa mati d) Pangkat lan bandha bisa ilang sawayah-wayah e) Pangkat lan bandha ora dadi pepesthen bias urip 19) Pratelan kang ateges kahanan wong kang kedhuwuren panjangkane utawa gegayuhane, yaiku …. a) Adigang, adigung, adiguna b) Ana catur mungkur c) Tumbu olih tutup d) Ancik-ancik pucuking eri e) Cebol ngayuh lintang 20) Yen kepengin kasembadan apa wae kang dikarepake kudu telaten. Unen-unen kang jumbuh karo pratelan kasebut, yaiku … a) Sapa cidra bakal cilaka b) Golek menang dhewe c) Gebyah uyah padha asine d) Adigang, adigung, adiguna e) Teteken tekun bakal tekan 21) Surasa eksposisi iku ancase menehi informasi, mula sabisa-bisane ngedohi andharan karep ngundhang reaksi utawa sikep lan panemune pamaos. Mula bab iki kudu ditimbang, kanthi tenanan sadurunge katulis. Pratelan kasebut kalebu pathokan panulise eksposisi ing babagan …. a) Gaya eksposisi b) Basa eksposisi c) Sinopsis eksposisi d) Ringkesan eksposisi e) Isi eksposisi 22) Ciri-ciri cerkak yaiku… a) critane ora dawa, ukarane ringkes, isine padhet nanging basane angel dingerteni b) critane dawa, isine padhet, basane gampang dingerteni c) critane cekak, isine padhet, ukarane ringkes, basane gampang dingerteni d) critane dawa, isine cekak aos, basane mentes e) critane sakeplasan, isine padhet, basane endah 23) Kang diarani cerkak yaiku karangan cekak kang awujud ... a) pawarta b) guritan c) serat d) gancaran e) tembanv 24) Cerkak kabentuk saka unsur-unsur intrinsik kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ... a) kondisi sosial b) latar c) penokohan d) plot e) tema 25) Gagasan utawa pesen kang pengin dituturake dening pangripta sajrone cerkak yaiku … a) latar b) amanat c) tema d) alur e) paraga

Leaderboard

Visual style

Options

Switch template

Continue editing: ?